Wednesday 4 September 2013

UTS Bahasa Jawa Kelas III Semester II

Tags


SOAL UTS SEMESTER II TAHUN PELAJARAN 2012 / 2013
Mata Pelajaran          : Bahasa Jawa
Kelas                       : III (tiga)


  I.       Wenehana tandha ping (X) aksara A,B,C, utawa D ing wangsulan kang bener !
Kadho Kanggo Maya
   Arini ndeleng kalender maneh. Angka wolu ing kalendewr wis dibunderi nganggo spidhol gedhe la nana katerangane “ulang taune Maya”. Wingenane, Maya ngedum undangan marang kanca-kanca saklas kanggo teko ana ing pesta ulang taune minggu ngarep.
  Saiki Arini lagi bingung mikir kadho apa kang bakal digawa mengko. Arini kepingin kandho kanggo Maya unik lan ora gampang digoleki ing toko. Akhire Arini mikir ngadho kerajinan tangan gaweane dhewe. Sawise mikir rada suwe, Arini mutusake gawe gambar sakehing wiji.

1.        Irah-irahanane wacan ing dhuwur yaiku  ….
A.        Kadho Kanggo Maya
B.        Kadho Kanggo Arini
C.        Ulang Taun
D.       Undangan

2.        Sing ulang taun jenenge ….
A.        kancane
B.        Arini 
C.        Maya
D.       Yaya

3.        Arini menehi kadho ….
A.        gambar sakehing wiji
B.        gambar sakehing kembang
C.        gambare Maya
D.       boneka
Pacelathon kanggo nomor  4-5
Kobongan
Tantri             : “Wonten napa ta, Pak?”
Pak Wahyu      : “Kae, Ndhuk, ana kobongan.”
Tantri             : “Wonten pundi, Pak?”
Pak Wahyu      : “Neng pabrik plastik.”
Tantri             : “La, kok saged kobongan kenging napa, Pak?”
Pak Wahyu      : “Jare jalaran kabel konslet.”

4.        Sing njalari kobongan yaiku ….
A.   bakaran obat nyamuk
B.    kompor njebluk
C.   konsleting listrik
D.   gas elpiji
5.        Kedadean kobongan ana ing  ….
A.   omahe Pak Wahyu
B.    pabrik
C.   desane Tantri
D.   pabrik plastik
6.        Yen bal-balan apike ana ….
A.   kampung
B.    dalan
C.   tegalan
D.   lapangan
7.        Yen Bapak … aja rame-rame anggone dolanan.
A.   maos
B.    sare
C.   tindak
D.   ngasta
8.        ……………………………………..…. diwaca ….
A.   jaya paya
B.    jaka mara
C.   jaya yaba
D.   jaya baya

9.        Tentrem padha tegese karo ….
A.   ayem
B.    adhem
C.   meneng
D.   tidhem
Tembang kanggo soal nomor 10-11
Pocung
Bapak pocung dudu watu dudu gunung
Sangkane ing sabrang
Ngon ingone sang bupati
Yen lumaku si pocung lembehan grana
10.     Tembang pocung ana … gatra.
A.   3
B.    4
C.   5
D.   6
11.     Isine pocung ing dhuwur nyritakake kewan ….
A.   kuda nil
B.    badak
C.   gajah
D.   singa
12.     Ukara “kala salasa” ditulis nganggo aksara jawa yaiku ….
A.   ……………………….
B.    ……………………….
C.   ……………………….
D.   ……………………….
Wacan kanggo nomor 13 - 14
Guwa Kiskendo
Guwa Kiskendo dumunung ing Kabupaten Kendal. Guwa Kiskendo ana sesambungane karo legenda Sugriwa Subali wektu perang karo buta sekti mandraguna aran Maesasura lan Jathasura. Nalika Sugriwo nunggu inng ngarep guwa, Subali mlebu guwa arep perang.

13.     Guwa Kiskendo dumunung ana ing kabupaten ….
A.   Semarang
B.    Demak
C.   Kudus
D.   Kendal
14.     Sing mlebu guwa yaiku ….
A.   Sugriwa
B.    Subali
C.   Maesasura
D.   Jathasura
15.     Seru kosok baline ….
A.   lembut
B.    lirih
C.   banter
D.   alon
16.     Basa ngoko kanggo ….
A.   wong sing luwih tuwa
B.    bakyune
C.   kanca sapantaran
D.   wong sing diurmati
17.     Ukara ing ngisor iki sing nganggo basa ngoko lugu yaiku ….
A.   Bapak badhe tindak.
B.    Aku durung mangan.
C.   Ibu during rawuh.
D.   Kula sampun nedha.
18.     Ukara pitakon kaya ing ngisor iki, yaiku ….
A.   Mlebu sekolah.
B.    Coba wacanen !
C.   Aja lunga-lunga !
D.   Sapa sing lunga ?
19.     Ukara pangkon kaya ing ngisor iki, yaiku ….
A.   Coba nulisa crita kanthi cekak !
B.    Ing ngendi anggone kesasar ?
C.   Malem Minggu Arum diajak nonton wayang.
D.   Sapa sing seneng maca buku ?
20.     Dolanan kang kelebu kanggo bocah lanang yaiku ….
A.   pasaran
B.    masak-masakan
C.   boneka Barbie
D.   bal-balan

 II.        Isenana nganggo tembung sing trep!
21.     Pocung iku kalebu tembang  ….
22.     Yen lumaku Si pocung lembehan grana. Grana tegese ….
23.     Padha lara yen ditulis jawa dadine ….
24.     Ukara pitakon diwenehi tandha ….
25.     Rudi bungah atine nampa kadho ulang taun. Bungah pada tegese karo ….
26.     ....................... diwaca ….
27.     Ndhingkluk kosok baline ….
28.     Satriya Pandhawa sing kembar yaiku Nakula lan ….
29.     Bocah kuwi kembar. Kembar tegese ….
30.     …  cacahe bocah sing arep dolanan bal-balan ?



























EmoticonEmoticon