Monday 3 September 2012

Maca Geguritan

Kasusastran Jawa iku wujude maneka warna, ing antarane yaiku geguritan. Geguritan yaiku puisi basa Jawa. Ora ana wewaton baku kang ngiket panulisane geguritan, gunggunge gatra, lan uga lagune kabeh bebas. Geguritan isa gambarake samubarang kahanan, seneng, susah, nglangut, lan sapanunggalane. Wacanen geguritan ing ngisor iki!

Para Kartini Muda


Lawang pawon wus dibladhah
Kranji rama ibu wus diuculi
Langkahku uga langkahmu
Wus nora rubet kejiret jarit
Bangku ngilmu wus cumepak
Nganti-anti tekamu lan tekaku
Putri-putri negari
Jaman wus padhang njingglang
Tan kena sumumpel ana kandhang
Adat wus padha owah
Ayo kabeh enggal obah
Agawe abang ijone pertiwi
Murub cumlorot madhangi bumi
Lir kadya rembulan andadari
Ojo padha dadi reca
Wanita uga duwe mripat, lisan lan tangan
Kang bisa ngrumat majune kahanan
Mula sanak kadangku
Ayo padha cancut tali wanda
Maju sajajar para priya
Karep ben ora kasiya-siya

Umi HS, 2011

2 komentar

kulo niku mboten saget bahasa jawi ..nopo meleh geguritan..


EmoticonEmoticon